biografi Muhammad Yamin bahasa jawa Tolong donk
B. Daerah
nataliluisa11
Pertanyaan
biografi Muhammad Yamin bahasa jawa
Tolong donk
Tolong donk
1 Jawaban
-
1. Jawaban monic69
Mohammad Yamin miwiti sekolah ing Hollands Indlandsche School (HIS), sekolah guru, Sekolah Menengah Pertanian Bogor, Sekolah Dhokter Kéwan Bogor, ngantos sekolah kehakiman (Reeht Hogeschool)Jakarta. Panjenenganipun kalebet salah satunggalipun ahli hukum lan penyair misuwur angkatan pujangga ènggal.Taufik Abdullah ngantos nganggep manawi Muhammad Yamin minangka sajarawan Indonésia paling ageng ing abad sapunika.
Mohammad Yamin ugi aktif ing jagad pulitik. Panjenenganipun dipundadosaken pandheganipun Jong Sumatera Bond ing taun 1926-1928.Nalika taun 1931, panjenenganipun mlebet parté Indonésia.Sasampunipun parté punika dipunbibaraken, panjenenganipun lajeng damel Partai Gerakan Rakyat Indonesia sesarengan kaliyan Adam Malik, Wilopo, lan Amir Syarifuddin.panjenenganipun lajeng dipundadosaken minangka anggota Volksraad lan damel golongan nasional Indonésia. Mohammad Yamin kalebet anggota BPUPKI lan anggota Panitia 9 ingkang kasil ngrumusaken Piagam Jakarta lan dados lelandhesan kawujudipun UUD 1945 lan Pancasila. Panjenenganipun tresna sanget kaliyan manunggalipun bangsa Indonésia.Profesor Mohammad Yamin naté dados anggota KNIP.Sasanèsipun punika, panjenenganipun ugi naté dipunparingi amanah minangka mentri, ing antawisipun inggih punika Menteri Pendidikan dan Kebudayaan, Mentri Panerangan, lan sapiturutipun.